Label

Minggu, 20 Maret 2016

TRESNAKU MARANG SLIRAMU

Cah ayu sing dak antu-antu
Tresnaku marang sliramu ora bakal layu
Kayadene bagaskara kang tansah setya marang manungsa
Cah ayu sliramu nate janji
Bebarengan semburate sunare rembulan kang lagi ndhadhari
Ing ngisore wit trembesi sliramu ngudal janji
Aku ora bakal lali
Wengi kang sepi iki mbulane ndhadhari kayadene pitung sasi sing wis dak liwati
Cah ayu? Ing endi sliramu……..
Apa wis lali  janjimu marang aku
Tresna kang suci nganti kagawa mati
Apa pancen sliramu wis lali marang aku?
Ing grumbul-grumbul dak piyaki lan dak goleki
Ing gumuk, ing gunung sliramu dak luru,nanging ra ketemu
Ing sanjerone impen-impen wengi sliramu dak turut
Ing tengahing samodra  sliramu dak slulupi lan dak gogoni
Nganti ing kali cilik, awir-awir tak wolak-walik mung agawe kecelik
Jebule sliramu katut ombak kang endah
Banjur kagawa ing tengahing lendhut
Nggapyuk lan cekelan kanthi raket ana ing mutiara sacuwil
Cah ayu……………
Tibake tresnamu mung semono
Cethek, kaya watu padhas ing kali
Gapuk,kaya wit randhu sing garing
Aku mung bisa nyawang kahananmu kanthi luh mbrebes mili
Pancen aku dudu turune emas berlian utawa mutiara
Aku mung bangsane “ watu padhas” ing dalan-dalan kang tan ana regane

Tidak ada komentar: