Mlumah,
punika nglumahaken tangan, utawi kridaha lumahing asta tegesipun dados
tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng
ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng
pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.
Mengkurep,
punika ngurepaken asta, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning
bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih.
Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulung, nanging aja
nganti diweruhi dening wong akeh. Upama nindakake dana driyah, tangan
tengen menehi dhuwit, paribasane tangan kiwa aja nganti weruh.
Modot, punika modot pikirane, modot nalare, tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alamdonya punika kedah tandah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.
Mlebu,
tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng
kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi
sanubari, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.
Metu,
tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani
dhumateng bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.
Kajawi nindakaken Malima, resepipun bebrayan sae, punika kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila.
Miturut ngendikanipun Ki. Sri Sadhono Among Rogo, Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipun piyambak boten sakeca lan prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes.
Dana ing tepa tegesipun raos pangraos makaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen.
Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhateng garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salamanipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa Putri, semanten ugi, adatipun saged nyaketaken sih tresnanipun kakung.

Kajawi punika ugi kedah nindakaken Sacatur, inggih punika Sarupa, sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.
Sarupa, tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak.
Sajiwa, tegesipun kedah saged momong watak, satunggal-satunggalipun.
Sawanda, tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih.
Saekapraya, tegesipun kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.