Label

Sabtu, 24 Desember 2011

Bibit, bebet lan bobot calon penganten

Nalika wong wus rumangsa ketemu jodhone, lumrahe banjur diwiwaha nganggo upacara mantu. Nanging sadurunge tekan tempuking gawe, ana rerangken manut tradhisi Jawa sing kudu ditindakake ing antarane calon penganten sakloron lan para calon besan, kanggo paugeran supaya bisa langgeng selawase. Miturut sawetara sumber, paugeran iku nglimputi bibit, bebet lan bobot calon pengantene.
Bab bibit, calon penganten ditlusur sarasilahe, manawa anak putune wong becik. Kajaba sarasilah, uga kahanane raga lan jiwane. Rasa asipat ganep, bagas saras, ora duwe bibit lelara sing nular lan mbebayani. Dene jiwane uga lumrah kaya salumrahe manungsa sing umum cipta, rasa lan karsane.
Ngenani bebet, calon penganten kudu ditlusur budi pakertine. Bisa kasumurupan ana ing panguripan padinan lan pasrawungan ana ing masarakat. Dene kang ana sesambungane karo bobot, yaiku calon penganten ditlusur kalungguhane ana ing masarakat, pendidikan, apa dene kacukupan panguripane.
Bibit, bebet lan bobot iku tritunggal kang ora bisa dilirwakake. Pincang salah siji wae bakal kuciwa ing tembe mburine. Urip bebrayatan iku mbutuhake sumber pangupa jiwa (bobot) kang lumrah, kalebu lumrah jiwa ragane, lan wigati maneh mungguh sarasilah katurunane wong kang abudi luhur.
Ewasemana, panalusur iku sabisa-bisa mratitisake kahanane, kayata raga (jasmani), sanajan asipat ganep yen bisa ya sing tanpa cacat wiwit lair. Sabanjure resik atine. Kalebu resik atine yaiku temen, gemi, nastiti, ngati-ati antepan lan sapiturute.
Wasis lan tanggap ing panggraita, limpad ing pambudi mawas swasana. Ngerti marang tata krama, unggah-ungguh, subasita, duga prayoga, ngajeni marang sepadha-padha. Sregep lan gelem nyambut gawe, apa dene bisa mranata bale omah. Mulane sadurunge golong gilig rembug anggone padha arep njodhohake anak, prelu tumindak tlaten anggone ngedom sumurup ing banyu, ngendhani getun keduwung ing tembe mburine.
“Dene nalika manungsa wus ngancik diwasa ya butuh dislameti. Slametan kang dilakoni ing mangsa iki yaiku rikala mantu. Nanging sadurunge mantu, kudu ana lamaran dhisik,” piterange Sri Mulyati, dhosen FSSR UNS Solo.

Nindakake dhawuhe Gusti

Nikah dadi manten utawa ewuh mantu dadi peranganing upacara kang penting kanggone wong Jawa. Upacara kuwi dadi sarana nindakake dhawuhing Gusti murih mekar lan ngrembakaning sujanmi sarta lestari lan rahayuning bawana. Kajaba kuwi, ing upacara mantu uga dadi sarana manunggalake pribadi kang beda ing jenis, watak wantu sipat lan brayate.
Katandhingake saka kajat utawa ewuh liyane, ewuh mantu iki rinasa dadi luwih penting. Brayat kang amengku gati rumangsa bombong lan mongkog menawa bisa ngadani utawa nindakake ewuh mantu mau saka purwa, madya lan wasana kanthi rancak, regeng sarta semuwa.
Ing buku Tata Upacara dan Wicara Pengantin, Dr Suwarna ngandharake menawa urutaning upacara mantu kaperang dadi telu, yaiku sadurunge mantu, tumapaking gati lan sabakdane mantu utawa pasca mantu. Kapisan, perangan sadurunge mantu. Ing perangan iki, ana adicara nontoni, lamaran, asok tukon, peningsetan lan sesrahan. Kapindho, rerangkening adicara ing tumapaking gati ing antarane majang tarub, siraman, midodareni, ijab lan panggih sarta pawiwahan.
Majang tarub, diadani udakara rong dina utawa telung dina sadurunge tumapaking gawe. Lakune, kang amengku gati sinartan garwa nemplekake bleketepe, jarwa dhosoke yen wis ditumplek blek rakete peni. Tarub kang dumadi saka sapasang tebu ireng, rong janjang cengkir gadhing, rong tundhun pisang raja, rong iket pari sarta tetuwuhan liyane kang kaentha-entha minangka gapura, aweh pratandha yen kajat ewuh mantu sumadya kawiwitan.
Tebu nduweni teges anteping kalbu, cengkir gadhing ditegesi kencenging pikir, gedhang raja aweh pratandha yen penganten mengkone minangka raja lan ratu sanadyan mung sadina dene pari lan tetuwuhan lliyane minangka pralambang subur lan makmur, amrih sing kagungan kersa sumrambah penganten lan kulawangsane uga bakal makmur, widada, tulus lan raharja. Yen tarub mau wis mawujud mula banjur trep marang tegese yaiku ditata kareben murub.
Siraman, diadani ing wanci sore sadurunge midodareni. Siraman mono makna sing wigati yaiku sesuci. Ora mung ngudi resiking raga nanging, uga nggayuh resiking ati. Dene bab midodareni, maknane jaman semana calon panganten putri ngantu-anti tedhaking widadari kang tumurun dadi cahyaning panganten. Manut gotheking wong akeh ing jaman semana, Widadari mau anggone tumurun tabuh 12 wengi, mula banjur calon penganten putri ora kena mapan sare sadurunge tabuh rolas, amerga widadarine durung mudhun.
Nanging ing jaman saiki prayoga menawa malem midodareni iki digunakake kanggo nyenyadhang berkahing Pangeran kanthi donga utawa sembahyang, amrih adicara sing bakal digelar bakal lancar lan lancar uga bale somah sing bakal dibangun dening penganten sarimbit. Penganten muslim ngadani pengajian dene umat Kristen lan liyane ngadani sembahyangan.
Ijab lan panggih mujudake upacara kang baku ing ewuh mantu. Jaman saiki ijab ditindakake murih sah miturut tatacara agama lan sah uga miturut pranataning nagara. Sing ngrasuk agama Islam nindakake ijab kabul bisa ing omah, masjid utawa KUA. Kang ngrasuk kapitayan Kristiani (Kristen lan Katholik) nampa berkah utawa sakramen ijab ing greja. Mengkono uga umat liyane nindakake tata cara manut tuntunan kapitayane. Sakbakdane sah sacara agama lan nagara dibacutake kanthi upacara panggih.
Pawiwahan, minangka tandhaning puji syukur krana berkahing Pangeran sarta nyuwun pangestu marang para tamu murih brayat kang binabar anyat tansah rukun lan pinaringan berkah lan manggih rahayu. Wujud syukur iki adat sabene dipungkasi kanthi anyugata para tamu kanthi kembul bojana. Kaping telu, sabakdane mantu biyasane diadani adicara sepasaran penganten utawa boyongan. Ditindakake sepasar sakbadane ijab, boyongan sowan ing kadang besan.
Yohannes Siyamta, calon pustakawan UAJY