Nggayuh Sejatine Urip
Sejatine urip iku hamung dalan
Dalan kang dadi kunci
Mula tumindake kang piguna maring sasama
lan dadiya wong seng becik
Sing bisa ngugemi pakeming tata
Aja sira manut napsu kang ora patut
Singkirana yen pengin raharjo donya swarga
Ora gampang nglakoni kabeh mau
Mula kudu kepati mersudi kanthi mulat sarira
Gayuha manungsa kang
nduweni jiwa
lembah manah
bisa dadi tekan tumrap kang nandhang pepeteng
kanggo ngayomi sasama
mesthi sira bakal nemu bagya mulya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar